03 April, 2012

Ling Eling Siro Menungso

·
Eling-eling siro manungso
wong urip bakale mati
Ayo podo dadi wong bhekti
Maring Gusti Kang moho suci.

Mumpung durung katekanan
Malaekat juru pati
Gole tekan embuh kapan
Kito menungso ra bakal ngerti

Moloekat juru pati
Lirak lirik marang siro
Nggone nglirik angenteni
Dawuhe kang moho suci


Leng eling siro menungso
Anggonmu urep ono ing ndunyo
Yen wes budal ra biso muleh
Di salini klambi putih. . .




Di tumpakne kreto jowo
Rodane papat rupo menungso. .
Di jujugne omah guwo
Tanpo bantal tanpo kloso. . .
 
 Omah'e ra ono lawange
Turu ijen ra ono kancane. . .
Di tutupi anjang2
Di urugi den siram kembang
Sedulur kabeh anggone teko
Tangisane koyo wong nembang. . .



1 comment:

Anonymous said...

coment sep
http://sites.wen.ru

handapeunpost